Jumat, 03 Februari 2012

Asmaradhana 388 Serat Centhini [JHF]

Allah Alip Mutaka alim Wakid
Rasul aksara elam jaedi
Muhamad he hu akat-e
Iku sampumeng ing urip

Sanyatane ngelmu sejati
 
Jati-jatining Allah ya rabi
Jati kakung Jati wanodya
Iya apan Rasul Mohamad

Allah iku siji
 
Kang amengkoni
Ora ana lawan

Sadurunge sauwise sepala segala gung
 
Purba wisesa siji
Anaoran siji
Durung lawan sampun sepala lawan segala
Yeku yayi sijining isbat lan napi

Nir karoning jenenging jalwestri
 
Ilang araning isbat lan napi
Miwah lan sepapadhane
Loroning tunggal iku

Apan tunggal dadi sawiji
 
Wiji siji mencar ing tuwuh
Kang kagepok kang katingal
Saking pumaning ro maring ji
Siji siji Gustiallah tangala

Allah Alip Mutaka alim Wakid
 
Rasul aksara elam jaedi
Muhamad he hu akat-e
Iku sampumeng ing urip

Apan ora durung
 
Nora nora sepa
Hya uga
Nora segala

Tan ana tan ora reke tan suwung datan wujud
 
Liring roning asiji asiji siji belaka
Tan kurang tan wuwuh roroning isbat lan napi
Roning Rasul Roroning priya lan estri

Sejatining lanang apan estri
 
Sejatining estri apan lanang
Karana mengkono lire
Estri ing jroning kakung
Mohamad rasulallah kang tumrap ing sebut Rasul
Ing Mohamad Ing Rasul
Rasul ya Mohamad ya
Lanang estri sawiji asih kang suci

Allah Alip Mutaka alim Wakid
 
Rasul aksara elam jaedi
Muhamad he hu akat-e
Iku sampumeng ing urip

Sanyatane ngelmu sejati
 
Jati-jatining Allah ya rabi
Jati kakung Jati wanodya
Iya apan Rasul Mohamad

Tidak ada komentar:

Posting Komentar